Zea Maysa lan Kucing Klawu



Zea Maysa lan Kucing Klawu

Zea Maysa kuwi bayi umur 4 sasi sing isane kur muni owek-owek. Ibune lagi sepisan iki nduwe bayi cilik, amarga Zea anak mbarep. Suwijing dino ana kucing anggora rupane klawu teka ning omahe Zea Maysa. Kucing klawu iku terus muni meong-meong mbuh apa karepe. Ndilalahe Zea Maysa kalebu bayi ajaib tenan, soale iso ngobrol karo kucing, basa-ne dhek-e meh pada karo basane kucing, dadine cah loro nyambung ngobrole.

“Owek-owek”

“Eow-Eow”
“Owek-owek”

“Eow Eow Eow”

Cah loro do ngobrol rame banget ngantek mbokne Zea Maysa gumun kok anakke nangis terus. Padahal sakjane lagi ngobrol karo kucing. Wis ditileki orang ngompol, ora eek. Dinehi nenen yo ara gelem. Lha wis piye to, mbokne dadine bingung, njuk zea maysa didelehke meneh ning box. Kucing klawu neruske ngobrole karo Zea.

“Yi, Bayi! aku ngeleh banget ki, nduwe iwak ora kowe?”

“Iwak ki sing kaya apa bentukke?”

“Kuwi lho, kewan sing awakke lonjong, sirahe luncup”

“Sirahe luncup? Sok mangap-mangap ning banyu kui po?”

“Hooh, sing sok mangap-mangap ning njero akuarium”

“Akuarium ki sing ono plupuk-plupukke kuwi pa?”

“Iyah, sing ana lampune padhing banget!. Trus piye ki, nduwe iwak ora?”

“Nduwe. Mau esok aku weruh Ibuku nduwe sak piring ning meja makan”

“Mbok aku njaluk!”

“Wah, aku ora iso njukukke je. Ngomong karo Ibuku ya ora iso. Ibuku radong karo basa-ku. Piye ya carane njukukke iwak kanggo kowe?”

“Ngene wae, kowe nangise diserok-ke bek di gendong meneh. Nangisa terus sing sero ngantek kowe digawa metu kamar. Trus nalika wis cedhak meja makan tanganmu kudu ngranggeh-ngranggeh iwak - - bek dijukukke”

“Nek wis dijukukke terus piye?”

“Ya thok tibakke ning ngarepku. Engko aku meong-meong ning ngisormu karo nyunduli sikile Ibumu”

“Wo ngono ya! Pinter tenan kowe kucing klawu!”

Kucing anggora kuwi mesam-mesem seneng banget diarani pinter karo Zea Maysa.




^_^

Kaya skenarione kucing klawu, Ibune Zea Maysa cepet-cepet nggendong Zea naliko krungu bayi kuwi nangis sero banget. Sarene anggone nangis ora meneng-meneng, banjur digawa mlaku-mlaku metu kamar ngantek tekan cedhak meja makan. Tangane Zea ngranggeh-ngranggeh iwak sing temumpang nduwur piring. Ibune tanggap, terus dijukukke siji, kanthi pangarep-ngarep anggone nangis meneng. Wasan iwak dicekel Zea, banjur ditibakke ning ngarepe kucing klawu. Ibune kaget, ning terus ngguyu kemekelen wasan weruh ana kucing sing nyantap iwake. Wah anakku pinter tenan, isih bayi wis iso makani kucing.

Andong lan Laler Cilik

 

Jaman mbiyen ana andong nggawa momotan jambu kluthuk lagi mlaku saka Selarong arep menyang Pasar Bantul. Jaman iku dalane isih gronjal-gronjal digawe saka watu durung ana aspal. Nalika andong lagi liwat dalan sing kebak wedi, ana laler cilik mencok ning nduwure andong. Bareng karo mencoke laler, lakune andong malik rindik. Ora amarga kabotan laler, nanging amarga rodane kepater dening wedi sing mbleder ning ndalan.

Nanging rindike andong tumrap laler dianggep amarga kapencokan deweke.
“Wah andong iki dadi mlakune alon-alon, mesti merga jarane kabotan awakku” pikire si laler kanthi ati bungah rumangsa paling abot sak donya.
“Sapa sing iso nandingi abote awakku, ora ana kewan liya sing luwih abot timbang aku!”.

Sakwise sakwetara mencok ning andong, laler banjur jeleh terus mabur meneh. Nalika Laler mabur, andonge pas liwat dalan sing ora ana wedine. Dadi lakune andong malik cepet maneh. Si Laler kang gegeden rumongso tambah yakin menawa deweke abot tenan. “Weladalah, tak tinggal sedilit wae, andonge langsung biso mlaku banter. Wah, nek ngono aku iki abot temenan ya!” celatune si laler.

Laler banjur mikir, manawa deweke mencok ning andong karo ngobahke sewiwine mestine si andong bakal mlaku luwih banter amarga kasurung dening obahe sewiwi. Laler trus nyoba mencok maneh ning andong karo ngobahke sewiwi. Dumadakan andong malik mlayu banter banget ngedap-edapi. Laler kaget banget ngantek awake kontal saka andong. Untunge deweke iso mabur sakdurunge tiba ning lemah.



Sajatine andong mau iso mlayu banter banget amarga dalane ndronjong, Dadi lumrah menawa mlakune luwih banter wong diewangi gravitasi bumi. Nanging lelakon itu agawe Laler dadi tambah ge-er. Trus mbengok-mbengok marang jarane andong.. ‘Sorry, sorry Kang Jaran, aku salah ngukur kekuatanku. Anggonku ngobahke sewiwi sajake kebanteren, dadi andongmu mlakune banter banget. Sorry ya, sesuk maneh anggonku ngobahke sewiwi rindik wae”. celatune Laler kanthi ati mongkok (Undil Okt 09).

Comments

Popular posts from this blog

MAKALAH Sejarah Singkat Berdirinya Bengkel

DRAMA SINGKAT 5 ORANG (Menghindari Gibah (Gosip))

ANALISA PELUANG USAHA PERANGKAT KERAS