Andhe – andhe Lumut
Andhe – andhe Lumut

Prakawis punika minangka wadinipun nagari ingkang mboten
paring keprungu dening negari sanes. Amargi menawi keprungu, Parbu Lembu
Amiluhur rumaos lingsem kawirangan. Lajeng sang prabu pesen dumateng Patih
Kudonowarsa kaliyan prajuritipun Puthut Jenggolono supados mendhem jero babagan
prakawis punika. Ampun ngantos negari sanes mireng.
Setunggaling dinten wonten ing Jenggala Manik, rawuh tamu
saking negari Jomparan inggih punika Prabu Krana Jatisura utusanipun Prabu
Krana Sura Wibawa. Rawuhipun Prabu Krana Jatisura punika kagem nglamar
putrinipun Prabu Lembu Amiluhur inggih punika Galuh Candra Kirana. Menawi
lamaripun dipuntampik Kraton Jenggala Manik bakal dipun obrak-abrik.
Mireng aturipun Prabu Krana Jatisura ingkang murang tata
punika, Puthut Jenggolono duka, lan prang tandhing antaranipun Puthut kaliyan
Prabu Krana Jati mboten saged dipunselakaken malih. Mangertos kahanan punika
Prabu Lembu Amiluhur enggal misah lan mutusi perang punika.
Kanthi swanten ingkang manteb lan awibawa Prabu Lembu
Amiluhur ngendika menawi Galuh Candra Kirana punika tindak ninggalaken Kraton
Jenggolo lan mboten dipun mangertosi wonten pundi piyambakipun. Lajeng Prabu
Lembu Amiluhur ngawontenake patembayan sinten kemawon ingkang seged nemokaken
Galuh Candra Kirana, menawi estri dipundadosaken sederek sinarawedhi menawi
kakung dipundadosaken garwanipun.
Lajeng Prabu Krana Jati enggal-enggal kondur dhateng
negarinipun inggih punika negari Jomparan. Prabu Krana Jati sowan wonten
ngarsanipun Prabu Krana Sura Wibawa, panjenenganipun ngendika babagan
patembayan Prabu Lembu Amiluhur.
Saking bungahipun lejeng Prabu Krana Sura ngutus Prabu Krana
Jati supados nutup margi-margi ingkang nuju Kraton Jenggala, kanthi ancas ampun
ngantos wonten tiyang sanes ingkang mlebet Kraton Jenggala lan ndherek
patembayan kala wau.
Cekakipun cariyos, Kleting Kuning ngenger dumateng Mbok Randa
Dhadhapan wonten mriku gesangipun Kleting Kuning rekaos sanget. Piyambakipun
dipun pulasara dening Kleting Abang, Kleting Wungu, Kleting Biru, lan Mbok
Randa Dhadhapan.
Setunggaling dinten Kleting Kuning dipundhawuhi ngisahi
dandang ingkang cemeng sanget ngantos pulih kados enggal lan ngebaki kranjang
ngagem godhong-godhongan.
Sanajan mokal Kleting Kuning tetep ngayahi punapa ingkang
dados panyuwunanipun embokipun minangka bukti baktinipun. Saking awratipun
Kleting Kuning nangis sesenggukan ngantos ngucap supata. Sinten kemawon ingkang
saged ngebaki kranjangipun lan ngenggalaken dandangipun menawi estri dipun
dadosaken sedulur sinarawedhi, menawi kakung dipun dadosaken garwanipun.
Supatanipun Kleting Kuning dipunpirengaken Bango Thongthong
ingkang ageng sanget. Bango Thongthong punika saguh ngebaki lan ngenggalaken
dandangipun. Sasampunipun numindakaken gawean kala wau, Bango Thongthong nagih
janjinipun Kleting Kuning. Ananging Kleting Kuning mboten purun dados
garwanipun kewan. Kleting Kuning gadhah akal. Piyambakipun gadhah panyuwun
kagem nguji katresnanipun Bango Thongthong. Bango Thongthong nyuguhi. Kleting
Kuning badhe ngetok pupu lan swiwinipun. Bango Thongthong taksih gesang. Lajeng
dipun tugel gulunipun. Bango Thongthong lajeng brebah dados Bathara Narada.
Kleting Kuning lajeng dipunparingi pusaka sada lanang lan
dipunparingi ngertos menawi ing Desa Pasirepan wonten Jaka Tiban asmanipun
Raden Andhe-andhe Lumut.
Sasampunipun saking lepen, Kleting Kuning wicanten menawi
piyambakipun badhe ngunggah-unggahi Andhe-andhe Lumut. Ananging Mbok Randha
mboten ngidini. Ewadene Kleting Abang lan sederekipun sampun bidhal kagem
ngunggah-unggahi. Amargi Kleting Kuning meksa, Mbok Randha lajeng ngidini
kanthi sarat Kleting Kuning dipunpacaki awon lan gandanipun bacin. Ewadene
Kleting Abang lan sederekipun dipaesi ayu lan wangi.
Sampun sautawis mlampah, Kleting Abang sasederekipun diadhang
ditya yuyu kangkang. Yuyu kangkang purun nyabarangaken Kleting Abang
sasederekipun menawi dipunopahi. Kleting Abang saguh ngopahi lan yuyu kangkang
purun nyabrangaken.
Ananging nalika giliranipun Kleting Kuning, yuyu kangkang
mboten purun nyabrangaken, lajeng Kleting Kuning nyabetaken pusaka sada lanang.
Yuyu kangkang nyuwun pangapunten lan Kleting Kuning nyabrang.
Wonten ing Desa Pasirapan, Kleting Abang dipun tampik dening
Andhe-andhe Lumut, amargi sampun nate dipungendhong kaliyan yuyu kangkang.
Benten malih kaliyan Kleting Kuning. Kleting Kuning dipun tampi dening
Andhe-andhe Lumut.
Sasampunipun mandhap Andhe-andhe Lumut lan Kleting Kuning
sami-sami kaget. Amargi satemenipun Raden Andhe-andhe Lumut punika Panji Asmara
Bangun lan Kleting Kuning punika Galuh Candra Kirana.
Pungkasanipun Panji Asamara Bangun lan Galuh Candra Kirana
wangsul dhateng Kraton Jenggala.
Comments