SAKA SINDANG WANOH DADI JIPANG
SAKA SINDANG WANOH DADI JIPANG
Cerita iki kawiwitan saka lelakone Sutawijaya kang nembe mudun saka
Gunung Kumbang ing tlatah Salem pinuju marang Karawang, merga wis bubar anggone
mertapa. Sak suwene ana ing Karawang dheweke banjur mulih ngetan tinuju marang
Banyumas. Ing Banyumas, Sutawijaya malah ganti jeneng dadi Angkawijaya.
Ora nyana ora nyangka yen ing Banyumas dheweke ketemu karo musuh
bebuyutane. Adipati saka Jipang kang jenenge Arya Panangsang iku musuhe mau.
Merga loro karone wis nduweni dendam kawit mbiyen, banjur loro karone uga
nerusake pertarungane.
Ana ing paprangan kuwi Arya Panangsang nglakokake jaran kang nduweni
warna kulit kelabu, banjur lawane yaiku Angkawijaya malah kawalikane, dheweke
malah nglakokake jaran wedok. Merga kekurang waspadane Arya Panangsang, dheweke
kena serangan saka Angkawijaya kang ngenani wetenge. Sanadyan wetenge mau wis
kena saka tombake Angkawijaya nanging dheweke malah tetep nerusake anggone
perang karo Angkawijaya. Merga Arya Panangsang kuwi wonge ora bakal kenal karo
sing jenenge lara.
Sanadyan wetenge mau lagi lara merga kena tombake Angkawijaya kang wis
wisuwur karna kelandepane kuwi, anggawe usus kang ana ing wetenge Arya
panangsang iku metu lan bisa ketok mata banget. Nanging dheweke uga tetep terus
anggone nerusake perange merga dheweke wis kadhung lara ati marang Angkawijaya.
Supaya usus kang metu iku ora nganggu tingkah lan lakune, Arya panangsang
banjur nglilitake ususe marang bangkean lan ing pucuke kerise dheweke.
Ana ing salah sijineng perkara, kang nggawe rada kuciwa, mergane perkara
jaran kang dienggo dening Arya panangsang kanggo ngoyak Angkawijaya mau jaran
lanang, lan jaran kang dienggo dening Agkawijaya mau jaran wedok.
Sanadyan jaran wedok mau terus ngoyaki jaran lanang, nanging Arya panangsang
uga tetep ngadohi supaya bisa mlayu saka kejarane Angkawijaya.
Saksuwene pirang-pirang dina anggone Arya Panangsang munggah-mudhun
gunung, nyebrang ana pirang-pirang kali uga mlebu-metu ana ing kebonan wis
dilakokake kanggo lunga saka kejarane Angkawijaya. Banjur dheweke tekan ana ing
salah sijine desa kang wis kalebu ing kawasan Bumiayu,. Sindangwanoh jenenge
desa kuwi. Sak suwene Arya Panangsang tekan ana ing Sindangwanoh, dheweke
banjur ngaso ing bukit kang kiwa lan tengene diapit dening kali. Tujuane dheweke
mung kepengin mbalekake tenagane sing ilang merga bar mlayu saka kejarane
Angkawijaya.
Sakwise dheweke mbalekake tenagane, dheweke banjur nerusake lakune,
nanging dheweke malah lali karo keadaane awake kang lagi lara merga wetenge bar
kasuduk dening Angkawijaya. Banjur merga kena goncangane jaran kang ditumpaki
dheweke, usus kang dililitake marang pucuke keris mau tugel, merga kerise mau
obah kena goncange jarane kuwi. “aduh…” swarane Arya Panangsang nahan
larane, banjur ora let suwe Arya panangsang sedo ana kono.
Kepriye karo Angkawijaya? Dheweke uga ora nduweni rasa putus asa anggone
ngejar Arya Panangsang. Sakdawane dalan kang dilewati, dheweke uga karo
ngematake tapak jaran kang ngecap ana sakdawane dalan mau. Mula ora kaget yen
dheweke banjur ngerti yen Arya Panangsang pernah ngaso ana ing salah sijine
bukit ing Sindangwanoh. Saka penduduk kana dheweke uga ngarti yen Arya
Panangsang wis seda ana kana.
Nalika Brebes dipimpin dening kanjeng kyai utawa Surya Singosari Pranata
Yuda, iku tau nganakake tilikan marang Sindangwanoh kang tujuane pengen nggawe
dalan tembusan saka Sindangwanoh parak lurus ngulon marang Terlaya. Nanging
para rakyate ngerasa kuciwa mergane sawahe kang ana ing jalur kuwi engkone
ditutup kanggo keperluane gawe dalan. Banjur para wargane mau nggawe alesan yen
tanah kana kuwi kerep kena longsor. Kanjeng kyai ora kalah pinter karo wargane,
merga dheweke kerasa yen wis diapusi dening wargane. Banjur kanjeng kyai
nyupatani “yen ngono dadia kaya sing wis dikarepi”. Sakwise kadadean mau, saben
taune ing daerah kono mesthi kena longsor terus.
Bibar kadadian mau, banjur kanjeng kyai malah kapincut karo bukit cilik
kang sak kiwa tengene kaapit dening kali. Ana kana kanjeng kyai oleh carita
saka penduduke yen mbiyene ing kana pernah dienggo ngaso dening Arya
panangsang/adipati jipang nalika dheweke lagi dioyak dening Angkawijaya.
Sakwise ngerti crita kaya ngono, kanjeng kyai banjur ngganti jenenge
Sindangwanoh dadi Jipang.
Comments